Deskripsi
Novel berbahasa Jawa. Tentang konflik cinta yang rumit dari seorang gadis yatim piatu yang dipungut oleh seorang keluarga ningrat.
Wiwit isih prawan sunthi, sing nyembadani kabèh kabutuhané Daniyah ya Prasaja, amarga Daniyah wis ora duwé sapa-sapa. Nalika Daniyah wis gedhé, katon ayuné sarta merak ati, Prasaja dadi kasengsem. Mangkono uga kosok-baliné Daniyah uga tresna marang Prasaja. Embuh tresna kang sejati, apa mung merga kepotangan budi.
Tresna kekaroné ora bisa nyawijèkaké dadi salaki rabi, amarga Prasaja wis dijodhokaké karo kenya liya. Apa manèh ana kedadéan Daniyah ngandhut amarga diruda-peksa déning durjana.
Daniyah cubriya, ibuné Prasaja sing dadi dhalangé pangruda-peksan kuwi. Kanggo nutup wirang sarta ngresiki asmané ingkang ibu, Prasaja nlisik sapa sejatiné durjana kuwi, sarta arep nikahi Daniyah pinangka bojo kaloro. Nanging kanyata orang gampang, akèh pepalang sing kudu diliwati.

















